cerkak

Rewang ing keluargane Pak Rahmat nganti deweke arep ngleboni universitas ing wektu iki. Dheweke tengah wedi yen pepinginane ora disarujuki kaaro wong tuwane. Saiki, bebar sing ditanggung Gendhis sansaya abot. Dheweke kudu bisa mujudake pepinginane bapak, perkara kepengen duwe omah lan sakliyane kuwi deweke isih kepengen dadi guru.
Kuwi kabeh dilakoni Gendhis kanthi ati kang jembar lan sabar. Gendhis saiki kudu pinter-pinter bagi wektu. Awane Gendhis tetep nglakoni pakulinan kaya bisaane, lan mbengine dheweke kuliah. Pancen angel mbagi wektu koyo ngono nanging kuwi dalan siji-sijine. Nanging Gendhis tansah seneng amarga pepinginane batal kawujud uripe rekasa.
3 semester wis dilakoni Gendhis ana Universitas Negeri Yogyakarta. Mung butuh wektu 1,5 tahun Gendhis biso dipercoyo dadi Asisten Dosen Pak Bagyo. Prestasi kuwi dicekel Gendhis amarga semangat deweke anggone nimba ilmu. Deweke ora kepengen mbuwang kesempatan kang during mesti ditemuake ing wektu liya.
Nanging kabeh mau ora luput soko pacoban. Poyoka-poyokan soko kancane akeh kang tumuju marang dheweke.
“Kowe kuwi mung dadi babu. Kowe biso dadi asdos mung amarga Pak Bagyo mesake karo kowe. Mbokyo nyadhar sithik! Ramang pethakilan, babu wae nggaya!”
“Lha iya!”
Poyokan-poyokan saka kanca-kancaku, kadhang-kadhang gawe lumetesing tangisku. Ananging kabeh mau ndadekake motivasiku, aku bakal mbutekake yen babu uga butuh ilmu lan babu uga biso dadi wong sukses.
Aku dadi kelingan marang wong tuaku wis suwe banget aku ora ngabari bapak lan simbokku. Aku milih ngabari simbok lewat surat, amarga aku ora tekan yen ngapusi wong tuaku lewat lesan.


Kagem :
Bapak lan Simbok
Assalamualaikum
Bapak, simbok, pripun kabaripun?Gendhis sae-sae kemawon wonten mriki. Gendhis nyuwun ngapunten amargi saweg ngabari sakmenika, kalian nyuwun ngapunten dereng waget wangsul, amargi restauran nembe rame.
Cekap semanton serat saking Gendhis, bapak kalian simbok mboten usah khawatir, Gendhis mesthi wangsul, menawi sampun enten wekdalipun.

(Gendhis)


Atiku lega, wis bisa ngabari bapak lan simbokku. Saiki masalahku, seko negndi aku bisa oleh dhuwit kanggo skripsi lan wisudaku.
Alhamdulillah, aku oleh bantuan saka Pak Bagyo. Dadi aku bisa ngrampungake skripsiku kanthi lancar lan lega.
Setengah sasi maneh wisudaku. Aku setengah seneng setengah deg-degan. Amarga aku kudu terus terang marang wong tuwaku. Sesuk esuk aku bakal bali ing ngomah, aku wis ora sabar ketemu lan ngabari wong tuwaku.

“Simbok Gendhis wangsul!”
“Gendhis!! Simbok kangen banget! Iki Gendhis tenan ta?”
“Inggih mbok, nyuwun ngapunten nembe wangsul sakniki!”
“Ora papa nduk!”
Gendhis ngakoni kang saktenane yen dheweke dadi pembantu lan wis kuliah. Bapak lan simbok kaget lan sumringah. Bapak lan simbok padha mrebes mili amarga seneng.
“Nduk, Bapak seneng kowe bisa kuliah kanthi kringetmu dhewe. Apa maneh kowe wis arep wisuda!”
“Maturnuwun Pak, niki wonten arta sekedhik kagem nambahi ndamel omah! Ananging naming wonten sakmenten!”
“Halah nduk! Bapak ora bisa menehi apa-apa marang kowe, akliyane do’a.
“Sampun Pak, Bapak lan ibu sampun ngopeni Gendhis saking alit ngantos sakmenika! Niki sampun kewajibanipun Gendhis mbahagiakaken bapak kalian ibu, Maturnuwun sampun ngopeni Gendhis, kanthi ikhlas!”
“Iya nduk, iku wis kewajibane bapak lan ibu!”
“O nggih bu, Alhamdulillah kula pun angsal pedamelan dadus guru bantu!”
“Alhamdulillah, nduk kowe pancen Gandhisku Kartiniku, Kartini ing jaman iki kanggo bapak, ibu lan bangsa iki!”

Komentar

Recommended Posts

randomposts

Postingan Populer