cerkak

CERKAK BASA JAWA
“Aku Pengin Kuliah”















SMA NEGERI 1 MUNTILAN
2009

Aku Pengin Kuliah

28 Mei 2006
Dina iki dina sing nggodha ati. Amarga dina iki pengumuman kelulusanku ing sekolah pertanian sing tak lakoni telung tahun. Senajan Ibu lan Bapak tansah tresna marang awakku amarga aku bocah sing paling sregep ing omah, nanging tak akoni aku ora kaya Sinta, adhiku sing landhep pikirane. Mula kuwi, kanggo ngadhepi ujian kelulusan iki aku rumangsa prihatin banget. Amarga aku duwe pepengin gawe bungah Ibu lan Bapak.
Aku pengin mbuwang tilase mas Feri sing ora becik. Kanthi cara aku dadi bocah sing sukses lan bisa ngrewangi Ibu lan Bapak nyekolahke Sinta lan Imam, adhiku. Wayah pengumuman saya cedhak, para siswa lan wong tuane mlebu kelas kanggo nampa amplop sing bakal nyebutake lulus utawa ora lulus. Lambeku ora mandeg nyebut asmane Gusti Allah, nyuwun marang Pangeran kelulusan kanggo awakku lan kanca-kancaku kabeh.
Tangan lan awakku anyep kabeh, nanging nalika tangane Bapak nggegem tanganku, aku ngrasa ayem. Kaya-kaya Bapak menehi kekuatan lan kapercayan yen aku mesti lulus. Pak Bahari, wali kelasku matur maringi sambutan.
“Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Puji lan syukur tansa kita aturaken dumateng Gusti Allah ingkang sampun maring mapinten-pinten kenikmatan dhumateng kita sedaya. Saengga kita waged makempal ing papan menika mboten wonten alangan satunggal menapa.
Bapak-bapak lan Ibu-ibu ingkang kula hormati, ugi para siswa kabeh sing Bapak tresnani.
Alhamdulillahirabbi’alamiin… taun iki sekolah kita, SMK Pertanian entuk prestasi maksimal, kanthi kelulusan 100%.”
Krungu sambutane Pak Bahari mau, kabeh siswa padha sujud syukur amarga kabeh padha bungah. Iki taun paling sukses. Aku uga melu sujud syukur banjur ngekep Bapak. Ya Allah… matur nuwun, sampun maringi kula kesempatan damel Bapak bungah.

5 Juni 2006
Aku wis seminggu ning ngomah. Aku rumangsa bosen lan ora duwe guna kanggo Bapak lan Ibu yen aku ning ngomah terus. Mula kuwi, aku mutusake lunga ning ngomahe Reni, kancaku. Rembugan arep golek pagawean. Jam 09.00 aku budal saka omah.
“Bu, Ifa pamit rumiyin. Badhe dolan ing daleme Reni.”
“Yo, Nduk. Ngati-ati.”
“Assalamu’alaikum…” kanthi salim tangane Ibu.
Tekan omahe Reni, aku banjur ngetokake apa sing dadi karepku. Jebulane Reni uga pengin golek pagawean. Nalika aku lan Reni rembugan sambi gojegan, krungu swara montor kijang mandheg ning ngarep omah.
“Assalamu’alaikum…” atur sopir montor kijang.
“Wa’alaikum salam… Eh, Lik Toni… Bu, Ibu, wonten Lik Toni,” jerite Reni kanthi bungah.
O… jebulane sopir montor kijang mau Lik Toni, adhine ibune Reni. Aku banjur melu manggakake.
“Iki sapa, Ren?” pitakone Lik Toni nalika aku nyalami tangane.
“Oh, niku Ifa, Lik… Rencangipun kula. Kula kalian Ifa saweg rembagan badhe padhos pagawean,” saure Reni.
“Iyo kuwi, Ton. Reni wis gilig pengin golek pagawean. Sanajan aku ora setuju. Dheweke tetep ngeyel pengin golek pagawean,” atur ibune Reni.
“Lha dos pundi to, Mbakyu?”
“Aku ki pengin Reni kuliah, ora kesusu golek pagawean,” wangsulane ibune Reni.
Atiku miris krungu ibune Reni sing ora tega yen anake nyambut gawe. Kaya-kaya aku meri, nanging aku isih kelingan yen keluwargaku ora kaya keluwargane Reni sing kecukupan. Ora kuat ngrungoake rembugane ibune Reni lan Lik Toni aku banjur pamit bali.

6 Juni 2006
Aku tangi luwih gasik saka biasane. Banjur ngrewangi Ibu masak lan nyiapake sarapan kanggo Bapak lan adhi-adhiku, Sinta lan Imam. Sambi ngudek-udek jangan aku ngajak Ibu rembugan.
“Bu, Ifa pengin pados pagawean. Pareng?”
“Yo rapapa, Nduk. Nanging Ibu isih pengin nyekolahke kowe maneh. Kowe gelem to kuliah?”
“Nggih kersa, Bu.”
“Yo wis, yen ngono mengko Ibu tak matur Bapak. Wis saiki sego karo lawuhe digawa mrana, wis awan. Mesakke adhi-adhimu kawanen.”
“Nggih, Bu.”
Atiku bungah banget, jebulane Ibu uga mikirake nasibku. Aku uwis ra bingung maneh. Atiku bungah tenan. Banjur mbayangake yen aku dadi mahasiswa. Wah, seneng tenan.


Jam 07.00 bengi.
Nalika aku arep ning pawon, ora sengaja aku krungu Ibu lan Bapak lagi rembugan ing njero kamar lan nyebut jenengku. Aku dadi penasaran, banjur ngrungokake.
“Pak, Ifa pengin kuliah.”
“Iyo Bu, Bapak ngerti. Nanging, saiki ora pas wektune. Bapak lagi akeh pengeluaran. Amarga polahe Feri, Bapak kudu nanggung utang 3 juta. Ibu sesuk gnomon karo Ifa, ben dheweke ngalah sik. Taun sesuk Bapak janji bakal nyekolahke Ifa. Taun iki ben leren sik ning ngomah.”
Aku banjur mak prepet krungu wangsulane Bapak. Banjur aku mbalik ning kamar.

9 Juni 2006
Nalika aku nyapu latar, ana Pak Kades nggawa amplop putih.
“Tindak pundi, Pak Kades?”
“Eh, Ifa. Iki ana layang kanggo kowe,” wangsulane Pak Kades.
“Layang kangge kula, Pak? Napa mboten klentu?” pitakonku maneh ora percaya.
“Lha iki, ning ngarep ana jenengmu, Ifa Kartiningsih, Karangmbanyu RT 01 RW 03.”
“Oh leres, Pak. Niku name kula lan alamat griya niki. Menawi ngaten matur nuwun sanget, Pak.”
“Yoh, padha-padha.”
Layang apa iki? Takonku ing njero ati. Ora sabar nunggu. Aku banjur mbukak layang kuwi. Wah, jebulane aku ditawani pagawean ing perusahaan. Nanging… Ya Allah Gusti, pagawean iki mapan ning Malaysia? Adoh banget, pikirku. Ning layang kuwi uga disebutake yen aku langsung ketampa amarga aku lulusan SMK Pertanian jurusan Boga, cocok karo perusahaane sing nangani urusan boga.

10 Juni 2006
Esuk-esuk aku wis siap mangkat ing papan sing arep mriksa kesehatanku kanggo prasarat dadi TKI ing Malaysia. Aku sangaja ora matur karo Bapak lan Ibu yen aku arep dadi TKI. Pikirku ben sesuk yen aku wis mesti arep mangkat ning Malaysia aku lagek matur.
Jam 09.00 aku wis tekan poliklinik. Aku nggawa kupon saka perusahaan, banjur langsung ditangani karo dokter. Getih, organ njero awak kabeh dipriksa. Ora krasa nganti 2 jam aku dipriksa. Banjur aku dikon nunggu ing lobi. Jam 13.00 aku diparani suster lan diwenehi map. Ning njerone ana kertas-kertas sing nyebutake yen aku sehat awake. Alhamdulillah… aku wis resmi ketampa dadi TKI, nanging isih ana sing ngganjel ing njero atiku. Aku butuh dhuwit 500 ewu kanggo biaya gawe passport lan prasyarat dadi TKI. Otomatis aku kudu matur Bapak.
Bali saka poliklinik, aku nemoni Bapak lan matur apa sing dadi karepku.
“Pak, saderenge Ifa nyuwun ngapunten. Sampun lancing matur kalian Bapak lan Ibu.”
“Ana apa ta, Nduk? Kok sajak ana sing wigati.”
“Ngaten, Pak. Kula ketampi dados TKI ing Malaysia lan badhe ditempataken ing Perusahaan Boga. Wau enjang kula sampun priksa kesehatan lan sampun resmi ketampi. Nanging, kula betah yatra 500 ewu kangge ndamel passport.”
“Ifa, Bapak kuwi ora bakal nglarang-nglarang apa sing dadi karepmu. Nanging, Bapak isih durung tega yen kowe dadi TKI apa maneh ning Malaysia.”
“Namung kalih taun kok, Pak. Gajinipun inggih lumayan 10 juta. Mangkeh saged kangge biaya kula kuliah. Dospundi, Pak? Pareng napa mboten?”
“Kowe wis mikir tenan mutuske dadi TKI kuwi, Fa? Nek kowe wis mantep, Bapak setuju. Nangin piye karo Ibu. Ibu setuju apa ora?”
“Ora! Ibu ora setuju yen kowe dadi TKI!” swarane Ibu mbengok saka pawon.
“Lha, pripun ta, Bu?” pitakonku kaget.
“Nduk, tak kandani rene. Kowe apa ra kelingan ceritane Budhe Ratmi sing wis ngrasakake susahe dadi TKI? Budhe Ratmi mbalik ning Indonesia amarga disiksa karo juragane. Telung dina ora dikei pangan. Salah sithik diseblaki. Ibu ora rela yen kowe entuk kahanan kaya ngono.”
“Bu, Budhe Ratmi niku ting Malaysia pagaweanipun dados rewang. Nek kula dados pekerja, Bu. Ting Perusahaan Boga.”
“Manuta karo Ibu, Nduk. Dadi TKI kuwi susah,” wangsule Ibu karo mesesegen.
“Bu, niki sanes kaliayan Budhe Ratmi. Kula akoni kula sampun mboten betah menawi kemutan pripun susahe Bapak lan Ibu amargi polahe Mas Feri. Kula badhe pados pagawean punika kangge mbiyantu Bapak nglunasi utang-utangipun Mas Feri.”
“Kula mboten tega mriksani Bapak susah nyambut damel. Niki sedaya gara-gara Mas Feri. Menawi riyen Mas Feri mboten diparingi Honda, kahanan menika mboten bakal kedadean.”
“Uwis ta, Nduk. Ora becik ngeling-eling jaman biyen. Iki uwis kewajibane Bapak. Ben Bapak sing tanggung jawab. Feri kuwi isih anake Bapak,” ature Bapak kanthi alon.
Aku lan Ibu langsung meneng. Nalika kabeh lagi padha nglamun ana swara lawang didodog.
“Assalamu’alaikum…”
“Wa’alaikum salam…” wangsulku banjur mbukak lawang.
“Ifa…”
“Ya Allah… Bu, enten Bulik Rina…” banjur ngekep bulikku bungah banget.
“Lho… bar napa kowe, Fa. Kok kaya nangis?” pitakone Bulik Rina.
“Ah… mboten kok Bulik, namung nrocos saking bungahe.”
“Iki Rin, Ifa ki pamit arep dadi TKI. Nanging aku ora setuju. Amarga kelingan piye kahanane Mbakyu Ratmi pas dadi TKI,” Ibu teka-teka matur.
“Bener kuwi, Fa. Bulik uga ra setuju. Rasah mikir pagawean sik. Koe isih enom, yen kowe gelem kowe melua Bulik ning Madiun lan kuliah ing kana. Piye? Gelem pora?”
“Purun, Bulik. Purun sanget…!” wangsulku bungah.
Ya Allah… matur nuwun, sampun maringi kula rezeki sing mboten disangka-sangka.
Alhamdulillahi rabbil ‘alamiin…


***

Komentar

Recommended Posts

randomposts

Postingan Populer