cerkak=cerpen

“Gendhisku Kartiniku”
Sore iki katon mrepet, temetese banyu udan gawe telese latar kang kebak suket ijo. Gendhing mung bias nyawang sinambi tengak-tenguk ing dhuwur lincak. Pikirane mung tumuju ana ing sak perkara. Ngendikanw bu SIti mau awan gawe gelane ati. Gendhis ura katut seleksi PMDK kanggo mblebu ing Universitas Negeri Yogyakarta. “Ojo dadi atimu yen kowe during bias katut, kowe pancen pinter, nanging kowe uga kudu ngerti, sak nduwure wong pinter, isih ono kang luweh pinter.” Ngendikane bu guru tansah ngati-ngati. Rasane urip iki mung kebak pacoban.
Kadadean 3 taun kapungkur ngelingke Gendhis. Wektu kuwi ngepasi pendaftaran SMA. Gendhis ngeyel kepengin mblebu SMA ketimbang SMK.
“Pak, kulo mlebet SMA mawon nggeh.”
“Bapak ro Simbok qi wong bodho, dadi ora ngerti pilihan sing apik. Ngertine yo mung ngragati sak mampune. Nanging kowe kok milih SMA tinimbang SMK nopo?”
“Kulo pengen dados guru SD Pak.”
“Opo Bapakmu iki bias nyrkolahake nganti dhuwur?”
“Mboten enten salahe to pak, nyobi rumiyen, nasib niku sinten to engkang mangertos?”
“Yo, sakarepmu lah. nangingBapak iki ora bias ngragati kowe nganti dhuwur.”
Rasane gelo banget milih SMA yen mung ora bias neruske kuliah. Daftar PMDK ora klebu, yen melu SPMB mestine butuhake ragat kang ora sithik. Yen nyawang kahanan wong tuwane, Gendhis dadi miris. Rasane ora tego yen meksaake kudu bias kuliah. Gendhis uga wis bejo banget amargaa dheweke bias ngrampungakr sekolah sanajan mung tekan SMA. Nanging impen-impen dadi guru isih ngebaki atine.
Rembugan karo wong tuwane bengi iki, nambah lara atine gendhis.
“Nduk, awake dhewe iki pancen wong ra duwe, Simbok karo Bapak ora bias ngragati kowe kuliah. Lalekke wae pepinginanmu mlebu kuliah”
Kandhane SImbok kambi nglempiti klambi.
“Bener kandhane Simbokmu, ora usah kuliah. Sakwise kowe lulus SMA iki, goleka gawean wae kanggo uripmu mbesok.”
Gendhis mung anteng ora mangsuli.
“Saprana-saprene Bapak ki during tau mgrasakake kepiye rasane duwe omah dhewe. Bapak pengen bias melu mujudake pepinginane Bapak karo Simbokmu.”
Krungu kandhane Bapak, Gendhis dadi ngrasa trenyuh. Dheweke nyadar yen wong tuwane awir semene during tau ngrasakake urip kepenak. Kamangka, awit sakiki keluargane isih numpang urip ana omahe Pak SUpardi, lansaben dinane, Bapakne bias menehi sangu sekolah saka ngingokke bebek duwekke Pak Supardi sabendinane Bapak anggon bebek , nglempukake endhog lan hasil saka dodolan endhog mau dibagi loro kanggo upahe le ngingu lan separone maneh kanggo Pak Supardi kang nduweni bebek. Dhene mbokne mung dadi buruh tani kang hasike mung bias kanggo nggenepi mbayar BP3 sekolah.
Ndelok kasunyatan kuwi, Gendhis tansaya ora mental. Gelo banget, kayata dadi wong sing paling getir uripe. Ngelingi pepinginane Bapak, Gendhes banjur golek gawean. Lan dheweke nemu gawean dadi pelayan restoran.
Rong taun wis mlaku soko prastawa dadi pelayan restoran. Nangging restoran kang kanggo kerjo Gendhis ngalami masalah. Restoran ora mlaku lan bangkrut. Gelem ora gelem Gendhis kapekso ninggalake papan kuwi. Gendhis banjur mulih ngomah karo rasa was-was ngadepi wong tuwane.
“Assalamual’aikum, Pak Mbok … Gendhis niki,”
“Waalaikumsalam, Nduk kepiye kabarmu?”
“Sae mawon Mbok”
“Kowe krasan to, ono kono? Iseh kerjo ono restoran to?”
“Em,, inggih” Gendhis jawab karo roso wedi amarga dheweke ngapusi. Gendhis bingung arep golek gaweanono ngendi maneh.
Gendhis mlaku-mlaku karo mikir arep diteruske neng ndi uripe mau. Dheweke mutusake tuku Koran lan moco-moco ono ing bab lowongan kerja. Akeh-akehe lowongan mau mbutuhake ikazah SMK utawa sarjana. Suwe-suwe Gendhis putus asa dumadakan wartane Gendhis weruh brosur sing ditempel ing tiang listrik pas pertelon ndalan.

Atine Gendhis lego banget.cepet-cepet Gendhis tumuju wartel ing cedak tiang listrik mau. Tanpo mikir opo-opo Gendhis mejet nomer telpun kang ono ing brosur. Karo deg .degan Gendhis nunggu telpun diangkat.”Hallo” keprungu suara saka telpun
“Hallo” leres meniko ingkang masang brosur lowongan kerjo?” Pitakone Gendhis.
“Inggih meniko sinten?”
“Kulo Gendhis .bade nderek panjenengan menawi taksih wonten lowongan”
“O nggih saget ngenjing tindak wonten Dusun Ngawi nggih”. Mangkih rembagan rumiyen.
“Inggih Bu, matur suwun”
Gendhis mulih kanti ati kang bungah. Tekane ngomah.
“Nduk, seko ngendi??”
“Saking mlapah-mlapah”
Wengine Gendhis toto-toto barang sing arep digowo isuke moro ing juragane sing anyar.
Kanthi ati bungah. Gendhis melu seko omah lan pamit marang wong tuane nangging, Gendhis kepekso ngapusi maneh.
“Pamit rumiyen Pak, Mbok ….”
“Yoh, ngati-ati …. Ora sah neko-neko ono kono, laky o wis bejo kowe ki kerjo neng restoran, kerjone ora kasar”
“Inggeh Pak,” Swarane Gendhis katon abot lan kebak rasa salah Gendhis mantep arep mangkat kerjo dadi rewang, dheweke ora mikir kepiye yen wong tuane ngerti. Sing ono pikirane mung kepiye bisa oleh dhuwit lan bias mujudake impiane.
Tekan panggonan, gewndhis wis ditunggu karo Bu Rahmat kanga rep dadi juragane Gendhis.
“Sugeng siang Bu.”
“O, yo ….rene mlebu, lakok gik tekan?”
“Nyuwun pangapunten, wau macen dados radi sauntawis”
“La, omahmu ki ngendi?”
“Kulo saking Ndusun Ngempil”
“Oalah hayo adoh … La kowe ki isih enom, kok malah ora neruske sekolah.?”
“Kulo niku nggeh kepingin, nangging pripun malih la wong Bapak kalian Simbok mboten gadah ragat.”
Bu Rahmat gedhek-gedhek karo mesem nyawang Gendhis. Gendhis krasan kerjo ono kono, Bu Rahmat tansah gemati. Keluargane semono ugo, wis nggangep Gendhis kuwi keluargane dhewe. Bu Rahmat sakiki kerjo ono ing bank daerah. Dene Pak Rahmat sakiki kerjo ing Polsek. Bu Rahmat lan Pak Rahmat duweni Putri jenenge Cika. Cika kuwi anak tunggal dadine Bu Rahmat lan Pak Rahmat gemati temenan. Sakiki Cika ora kesepian maneh yen ditinggal Bapak lan Ibune kerjo amargo ono Gendhis sing wis dianggep mbakyune dhewe ora kroso wis seminggu Gendhis melu Pak Rahmat lan Bu Rahmat, minggu sore iki jatahe Gendhis ngajak Cika mlaku-mlaku keliling desa. Pas wis tekan ngomah, Gendhis wis diadang karo Bu Rahmat.
“Gendhis iki ono brosur penerimaan mahasiswa anyar menawa kowe arep daftar barang”
“Mboten riyen Bu, arto kulo dereng cekap kangge daftar”
“Piye nek tak tolongi aku disik”
“Mboten Bu …. Kulo saget ndaftar taun nginjing kok”
“Yon gene ae piye nek tak daftarke nganggo duite Ibu. Trus gajine per bulan dipotong kanggo nyarutang”
“Pripun nggeh Bu ….”
“Uwis rapopo Ibu ngeri, kowe pengen banget to iso kuliah”
“Nggeh Bu ….”
“Yo wis sesok-esok rapung gasik banjur daftar yo nduk”
Wengi iki rasane suwe banget. Gendhis pengen ndang esok, kekarepane sing ket mbiyen diimpek-impeake sedelo maneh arep kawujud seneng banget rasa atine Gendhis, kebungahan kuwi isih kurang kanggone Gendhis dhewe amargo dheweke during bias crito karo wong tuane awit seko dheweke dadi rewang ing keluargane Pak Rahmat nganti dheweke arep ngleboni universitas ing wektu iki. Dheweke tengah wedi yen pepinginane ora disarujuki kaaro wong tuwane. Saiki, bebar sing ditanggung Gendhis sansaya abot. Dheweke kudu bisa mujudake pepinginane bapak, perkara kepengen duwe omah lan sakliyane kuwi dheweke isih kepengen dadi guru.
Kuwi kabeh dilakoni Gendhis kanthi ati kang jembar lan sabar. Gendhis saiki kudu pinter-pinter bagi wektu. Awane Gendhis tetep nglakoni pakulinan kaya bisaane, lan mbengine dheweke kuliah. Pancen angel mbagi wektu koyo ngono nanging kuwi dalan siji-sijine. Nanging Gendhis tansah seneng amarga pepinginane batal kawujud uripe rekasa.
3 semester wis dilakoni Gendhis ana Universitas Negeri Yogyakarta. Mung butuh wektu 1,5 tahun Gendhis biso dipercoyo dadi Asisten Dosen Pak Bagyo. Prestasi kuwi dicekel Gendhis amarga semangat dheweke anggone nimba ilmu. Dheweke ora kepengen mbuwang kesempatan kang during mesti ditemuake ing wektu liya.
Nanging kabeh mau ora luput soko pacoban. Poyoka-poyokan soko kancane akeh kang tumuju marang dheweke.
“Kowe kuwi mung dadi babu. Kowe biso dadi asdos mung amarga Pak Bagyo mesake karo kowe. Mbokyo nyadhar sithik! Ramang pethakilan, babu wae nggaya!”
“Lha iya!”
Poyokan-poyokan saka kanca-kancaku, kadhang-kadhang gawe lumetesing tangisku. Ananging kabeh mau ndadekake motivasiku, aku bakal mbutekake yen babu uga butuh ilmu lan babu uga biso dadi wong sukses.
Aku dadi kelingan marang wong tuaku wis suwe banget aku ora ngabari bapak lan simbokku. Aku milih ngabari simbok lewat surat, amarga aku ora tekan yen ngapusi wong tuaku lewat lesan.










Kagem :
Bapak lan Simbok
Assalamualaikum
Bapak, simbok, pripun kabaripun?Gendhis sae-sae kemawon wonten mriki. Gendhis nyuwun ngapunten amargi saweg ngabari sakmenika, kalian nyuwun ngapunten dereng waget wangsul, amargi restauran nembe rame.
Cekap semanton serat saking Gendhis, bapak kalian simbok mboten usah khawatir, Gendhis mesthi wangsul, menawi sampun enten wekdalipun.

(Gendhis)


Atiku lega, wis bisa ngabari bapak lan simbokku. Saiki masalahku, seko negndi aku bisa oleh dhuwit kanggo skripsi lan wisudaku.
Alhamdulillah, aku oleh bantuan saka Pak Bagyo. Dadi aku bisa ngrampungake skripsiku kanthi lancar lan lega.
Setengah sasi maneh wisudaku. Aku setengah seneng setengah deg-degan. Amarga aku kudu terus terang marang wong tuwaku. Sesuk esuk aku bakal bali ing ngomah, aku wis ora sabar ketemu lan ngabari wong tuwaku.

“Simbok Gendhis wangsul!”
“Gendhis!! Simbok kangen banget! Iki Gendhis tenan ta?”
“Inggih mbok, nyuwun ngapunten nembe wangsul sakniki!”
“Ora papa nduk!”
Gendhis ngakoni kang saktenane yen dheweke dadi pembantu lan wis kuliah. Bapak lan simbok kaget lan sumringah. Bapak lan simbok padha mrebes mili amarga seneng.
“Nduk, Bapak seneng kowe bisa kuliah kanthi kringetmu dhewe. Apa maneh kowe wis arep wisuda!”
“Maturnuwun Pak, niki wonten arta sekedhik kagem nambahi ndamel omah! Ananging naming wonten sakmenten!”
“Halah nduk! Bapak ora bisa menehi apa-apa marang kowe, akliyane do’a.
“Sampun Pak, Bapak lan ibu sampun ngopeni Gendhis saking alit ngantos sakmenika! Niki sampun kewajibanipun Gendhis mbahagiakaken bapak kalian ibu, Maturnuwun sampun ngopeni Gendhis, kanthi ikhlas!”
“Iya nduk, iku wis kewajibane bapak lan ibu!”
“O nggih bu, Alhamdulillah kula pun angsal pedamelan dadus guru bantu!”
“Alhamdulillah, nduk kowe pancen Gandhisku Kartiniku, Kartini ing jaman iki kanggo bapak, ibu lan bangsa iki!”

Komentar

Recommended Posts

randomposts

Postingan Populer