geguritan jowo

Geguritan : “ENTEK GODHONG”
Published by admin under Geguritan
Susanto Sagipah
Gurit ijo royo-royo isih ngumandhang
Sakdurunge udan pungkasan;
Dheweke nyingkur gendhing labuhan
Tumapake mangsa owah-owahan
Senajan pating grandhule woh-wohan
pijer dadi punjere colong jupuk
Sapa sing anteng meneng ora bakal ketiban
Woh mateng ing gagang malah milih panggonan
Kanggo nukulake wiji Ian janji kernbang

















RON GARING



Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin

prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring

aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan

krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep



kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu

panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati

Dening : Sigit Wisnu Irawan
No : 35
Kelas : X-3





SEDYAKU


Wis, Jeng...
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku...


Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku


Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan sij


Dening : Ricky Ardian
No : 29
Kelas : X-3

Komentar

Recommended Posts

randomposts

Postingan Populer