puisi jawa

RON GARING

Wengi sansaya atis
Nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
Kang digawa dening angin
Prasasat tan kendhat
Anggonku kulak warta adol prungu
Ananging isih mamring
Aku wis pingin cecaketan
Obormu kang makantar-kantar
Madhangi jangkah lan jagatku
Ana ngendi papanmu
Lelana tapa brata
Tanpa pawarta tanpa swara
Aku kadya ron garing
Kumleyang kabur kanginan
Ing jagat peteng lelimengan
Krasa luwih abot
Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
Mlakuku ora mantep
Kagubet ribet lan ruwet
Adoh saka cahyamu
Pedhut ing sakindering pandulu
Panjenengan
Guruku, sihku, oborku
Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati

TRESNA IBU
Dening: Rosalina L.S
Kelas : X3
Nomor:31
Sanga wulan ibu nggarbini
Kebak ngati-ati
Nganti laire bayi

Ibu nggulawentah aku
Kanthi welas asih
Tanpa njaluk piwales saka aku
Tresna ibu ora luntur kanggoku
Ibu………..
Prasetyaku marang sliramu
Iki putrimu……….
Arep nggayuh cita-cita
Kanggo njunjung derajat asmamu
Minangka pinwales bektiku










SIJI SURO
Dening: Lusiana Herawati
Kelas: X3
Nomor:22
Wit-witan jumedhul saka ngakasa
Maneka warna godhong lan woh-wohane
Kebak aksara kang wis katulis
Bisa diwaca lan ora bisa diwaca
Kadhang katon kadhang ora
Gumantung padhanging netra
Banyu segara malih dadi seksi
Kanthi cahya kang madhangi
Kitab adammakna
Tan ana kang keri
Tan ana kang keliwatan
Kacathet nora bakal ilang
Mbulan wis katon ngilo ana tlaga
Nggawa dluwang resik tanpa aksara
Kumleyang sakdhuwure sirah
Mabur sakparan-paran
Angiteri jagad

NALIKA GUNUNG – GUNUNG NEGES
Dening: Rosmalia Nur F
Kelas: X3
Nomor :32
Gunung-gunung kang padha pating jenggeleg
Aweh pitakon marang wit-witan ana sawah lan tegalan
Wit pari, tela, jagung, kacang padha ora bisa jawab
Amarga padha ora ngerti apa makna pitakone gunung
Apa sebabe gunung didhuwurke
Luwih tinimbang panggonan liyane ing jagad
Kepara nganti ngaras langit
Pitakonan kang angel dijawab
Angin wae ora ngerti
Apa maneh sato kewan lan para manungsa
Sing bisa mangerti amung barang kang
Kasimpen ing dasar bumi, kang ora kasat mripat
Tansah anteng lan ajeg
Ngangsu banyu ngliwati wot rambut kang dibelah pitu
Mbokmanawa gunung-gunung kuwi
Kanggo ancik-ancik para satriya
Nggoleki sukmane kang mabur
Digawa para widadari

Komentar

Anonim mengatakan…
saya mohon agar Geguritan RON GARING; SIJI SURO; & NALIKA GUNUNG-GUNUNG NEGES ditampilkan dengan mencantumkan nama saya sebagai pengarangnya. geguritan tersebut karya saya yang pernah termuat di majalah basa jawa Panjebar Semangat & Damarjati. silakan cek di blog wordpress saya. silakan berhati2 untuk menampilkan karya orang lain. cari sumber dari awalnya. karena komentar di blog saya, banyak anak2 sekolah yang merasa menemukan geguritan saya, dan bisa menyelesaikan tugas PR pelajaran bahasa jawa. hal itu tidak bisa dibenarkan, dan merupakan perbuatan mencuri. silakan cek. terima kasih.

Budhi setyawan,
penyair, pemusik, presenter

Recommended Posts

randomposts

Postingan Populer