Macapat Piwulang kang wis dilalekake

Macapat
Piwulang kang wis dilalekake

Kangone bocah-bocah enom wis ora zaman nembangake tembang macapat. Macapat mung ditembangake yen ana piwulang basa jawa ing sekolah. Kajaba kuwi, macapat wis ora ditrapke ing panguripan sadina-dina. Mangkana tembang macapat kelebu salah sakwijining budaya kang perlu dilestarekake. Macapat uga ngandhut piwulang becik tumrape awake dhewe. Ora mung kuwi, macapat bisa dadi sarana hiburan ing masyarakat.
Macapat kaperang dadi 11 tembang yaiku pocung, Gambuh, Sinom, Mijil, Dhandang Gula, Asmarandhana, Megatruh, Kinanthi, Durma, Pangkur lan Maskumambang. Kabeh nduweni sipat kang beda-beda. Ora akeh bocah enom kang bisa nembang mavcapat. Saktenane bocah enom kuwi bisa nembangake macapat nanging kudu sinau tenanan.
Macapat kang saiki wis ditinggalake dening masyarakat perlu ditrapake ing panguripan sadina-dina maneh. Amarga macapat wis lekas ilang kalah tinimbang tembang modrn kayata sakka jenis pop, rock, jazz, lan liya-liyane. Mangkana, ora kabeh tembang modern kuwi isine patut diconto. Nanging pambiyantu saka Pamerintah karasa perlu, upamane wae ngadakake lomba nembang macapat. Dadine masyarakat katarik sinau macapat maneh. Nanging sakwise lomba kuwi, masyarakat kudu tetep nyinaoni kanthi tenanan.

Komentar

Recommended Posts

randomposts

Postingan Populer