Panganan Tradisional Warisan Daerah kang wis DIlaleake

Panganan Tradisional
Warisan Daerah kang wis DIlaleake
“kanggone bocah enom-enom wis ora zaman mangan panganan kayata gethuk, tiwul, lan wajik. Akeh kang luwih seneng panganan modern kayata mie instan, permen coklat, lan panganan kalengan. Mangkana , panganan tradisional kelebu warisan daerh kang perlu dilestaekake. Apa iya panganan tradisional bakal kalekake dening pawongan akeh?”

• Panganan tradisional kang wis dilalekake
Zaman wis luwih maju, bab apa wae saiki wis diproduksi kanthi alat-alat kang modern utawa canggih. Conthone panganan-panganan zaman saiki kang diproduksi migunakake mesin-mesin pabrik, kajaba kuwi bahan kanggo ngawe panganan kuwi ora mung saka bahan pangan pokok kayata beras, jagung,lan sakpiturute, dadine wujud panganane wis maneka warna. Nanging amqarga anane panganan-panganan kuwi mau, panganan tradisional kang mujudake salah sakwijining warisan daerah kang katinggalake dening pawongan akeh. Mangkana, panganan tradisional kudu dilestareake maran awake dhewe.
• Panganan Modern ana kang mbahayani
Panganan modern kang awujud panganan kalengan lan bias awujud panganan kang biasa kasebut snack disenengi marang bocah-bocah enom. Nanging ora kabeh panganan kuwi apik kanggone awake dhewe, amarga ana panganan modern kang migunakake pengawet, pemanis gawean uga ana kang migunakake formalin, boraks, lan pewarna tekstil. Mangkana zat-zat kuwi ora apik kanggone awak
• Panganan tradisional, aman kanggo awak
Beda karo panganan zaman saiki. Panganan tradisional kang saik paling mung dikonsumsi marang wong tuwa-tuwa ora mbahayani awak, anggere ora dicampuri zat kimia kang mbahayani. Contone panganan tradisional yaiku lapis, wajik, krasikan, kang saktemene apik kanggo awak merga bisa kasil karbohidrat kang dibutuhake awak. Mula kuwi sejatine ora apa-apa yen mangan panganan modern nanging aja sing mbahayani awak lan awake dhewe ora oleh nglaleake lan kudu nglestareake panganan tradisional.

Komentar

Recommended Posts

randomposts

Postingan Populer