YANDYA KALANING WEWARAH

YANDYA KALANING WEWARAH
Dening : R.W. Herry W.

Cumlorot cahyane ….
Sumunar tejane ….
Kebak pengarep-arep
Bombing atine ….

Wis purna wulangan kanggomu
Kaya tetuwuhan kang bakal awoh..
Delengen lakumu .. tapak-tapakmu mracihnani
Meh pungkasan necep ilmu ….

Ya …. Ilmu minangka sangu
Ya …. Ilmu pepake kwruhmu
Nanging isih adoh lakumu ..
Sepecakmbaka sepecak .. kok tuju

Kaya ngllewange surya ….
Kang tansah aweh pepadhang sapaha-padha
Yen mlaku gendhonganmu wus abot
Kanggo sangu mecaki urip iki
Kang tansah ginandhang yayah wibi

Nalarmu mbrambat kaya lung-lungan
Kapinteranmu munak kaya undaking umurmu
Nanging apa mung cukup iku
Sangu pangan bias amblas
Sangu ilmu mundak pamawas

Negaramu ngarep-arep tekamu
Kula wangsamu ngadhang gumrecutmu ..
Pinangka sangu …. Ngatonake kesaguhanmu
Prasapamu guna …. Kaya …. Arto …. triwinaris

Komentar

Recommended Posts

randomposts

Postingan Populer