MUKIDI DADI IMAM TRAWEH

mukidi muncul maneh  mesti gawe guyon
...

Mukidi sing suarané apik dikongkon dadi imam Traweh dino ke songo wingi. Makmume yo Khusyuk pisan.

Bar rampung traweh 20 Rokaat lan Witir 3 Rokaat......Lha kok Mukidi munggah nang Mimbar, jamaah ngirané Mukidi arep menehi ceramah,..... jebulane menehi pengumuman :

_Hadirin Jamaah Isya' lan Traweh ingkang minulyo..._ _Mangke bakda niki njenengan sedaya sholat malih nggih.!!_

Makmum podo kaget,  Sholat nopo maleh Pak Mukidi ?

Mukidi neruské pengumumané :

_Ngapunten...amargi kulo nembe kelingan, yen kulo wau lali dereng wudhu..._
 _Eling kulo nggih pas rampung sholat Witir niki wau.._

Makmume pada geger nang mburi karo misuh-misuh.
Ana sing omong_

 _"Tekkeeeek... Ngono gak ngomong ket  mau.... Lha iki dengkulku wis cekot2.. wis gemeter malah kon mbaleni maneh_

Aku yo ngguyu kekel... ...😄😀😁😁😁

Ojo lali ngguyu,,,,ben tetep fresh poso dino iki......
😀😁😃😃

Komentar

Recommended Posts

randomposts

Postingan Populer